Qasidah Padang Bulan


للحبيب محمّد لطفى بن علي بن هاشم بن يحي


اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍعَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

(Padhang bulan, padhange kaya rina
Rembulane, sing ngawe-awe) 2X
Ngelengake, aja turu sore
(e...kene tak critani, kanggo sebo mengko sore) 2X

(Iki dino, ojo lali lunga ngaji
Takon marang, ya’i guru kang pinuji) 2X
Enggal sira, ora gampang kebujuk syetan
(Insya Allah, kita menang lan kabegjan) 2X

(Lamun wong tuwa 2X keliru mimpine
Ngalamat bakal 2X getun mburine)2X
Wong tuwa loro, kundur ing ngarsa pengeran
(Anak putune, rame 2X rebutan warisan) 2X

(Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah
Sebab mirsani, putera puterine ora ngibadah
(Wong tuwa loro, ing njero kubur anyandang susah
Sebab mirsani, putera puterine dho pecah belah)
Kang den arep-arep, yaiku turune rahmat
(Jebul kang teka 2X nambahi fitnah) 2X

(Jaman kepungkur, ana jaman, jaman buntutan
Esuk-esuk, rame-rame luru ramalan) 2X
Gambar kucing, dikira gambar macan
(Bengi diputer 2X metu wong edan) 2X

(Kurang puas 2X luru ramalan
Wong ora waras 2X dadi takonan)2X
Kang ditakoni, ngguyu cekaka’an
(Jebul kang takon 2x wis ketularan) 2x

اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا وَمَوْلاَنَا مُحَمَّدٍعَدَدَ مَا فِي عِلْمِ اللهِ صَلاَةً دَائِمَةً بِدَوَامِ مُلْكِ اللهِ

Miror dari catatan facebook Kang Ir pada 17 April 2012 pukul 14:06

3 komentar: